Monday, April 20, 2015

Mawas Diri



Mengarungi kehidupan,tak selalu diwarnai  terkabulnya semua doa dan keinginan. Ada yang doanya dijawab sesuai,melebihi yang dimohonkan bahkan seketika.Namun ada juga yang sebaliknya. Harus penuh penantian menguji kelenturan urat kesabaran.Manusia berusaha,Tuhan punya Kuasa. Sangat manusiawi,kalau sering dihadapkan pada pergumulan .Hidup terus berjalan,harus  meng imani bahwa Semua akan indah pada waktunya. Dalam berproses secara pribadi,kearifan lokal dibawah ini terasa cocok disanubari untuk mengingatkan agar (selalu)mawas diri. Sekaligus untuk menata hati dan akal sehat agar selalu berdamai dengan apapun realita sehari-hari. Agar tetap bersyukur dan bersemangat mengarungi kehidupan yang sudah dikaruniakan Yang Maha Kuasa:
*Rejeki iku ora iså ditiru....,
Senajan pådå lakumu,
Senajan pådå dodolanmu,
Senajan pådå kerjåmu,

*Hasil sing ditåmpå bakal bedå2....,
Iså bedå nèng akèhé båndhå,
Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati,
Yåaa iku sing jenengé bahagia....

*Kabèh iku såkå tresnané  Gusti kang måhå kuwåså.....,
Såpå temen bakal tinemu,
Såpå wani rekåså bakal gayuh mulyå.
Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi.....

*Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså, 
Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané....,
*Nanging kadhang menungså silap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé, Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå.
Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lahir tekané pati....,  Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.
*Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké atimu, yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå dientèni waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestiné.
*Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé.
Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI ALLAH......
Semarang , 20 April 2015
(Purnomo Iman Santoso-EI),
Villa Aster II Blok G no. 10,
Srondol, Semarang 50268

0 Comments:

Post a Comment

Subscribe to Post Comments [Atom]

<< Home